Tetambane wanita anggarbini Meteng | Obatnya wanita hamil

Yen anggarbini sasasi tumeka 3 sasi, jejamune : dlingo, bengle, kunir, temulawak, sintok, mesoyi, cabe, bawang putih, kemukus, seprantu, lempuyang, godhong cukilan, kembang worawari bang, banjur kapipis, binanyonan  sakpantese, kaombe

Yen anggarbini 3 sasi tumeka 7 sasi, jejamua wejah, yaiku : godhong sinom, pupus dhadhapsrep, pupus jambu kluthuk, pupus jambu dersana, bethonan nanas, Godhong : meniran, sembukan, krema, temugiring, temu ireng, lempuyang, kunir, sawanan, keh sathithike sapantese, banjur kadheplok binanyoman sawatara, kasaring, banjur kaombe, yen arep kaombe kecerna jeruk pecel sathithik. jejamu mengkono iku ing saben dina senen, kamis

Yen anggarbini luwih 7 sasi temuka 8 sasi, ing saben dina senen, kemis, jejamua omben - omben kang ginawe saka : kayu legi sadriji didhedhegi, kerikan secang pengaji saprapat dhuwit, banjur dikum nganggo leri bungkak watara 3 jam suwenen, banjur kaombe. Dene ing saben dina rebo lan sabtu, jejamu omben - omben  kang ginawe saka : cabe 3 iji lempuyang 2 rampang (grigih). kadheplok binanyonan sepantese, diuyahi sajimpit kan dikeceri jeruk pecel sathithik, kaudhak banjur kaombe

Yen anggarbini ngancik 9 sasi, ing dalem seminggu sepisan jejamua sorog, yaiku : ketumbar sajimpit, godhong trawas rong lembar, seprantu siji, binuwang isine, jinten ireng sajimpit, jongrahab, ajar lan mesoyi sathithik, thothok mimi sacuwil, kulit urang kabakar sathithik, banjur kapipis, diuyahi lan binanyonan  sapantese, kasaring, banjur kaombe

Yen wis anggarbini ngancik 9 sasi, kajaba kasebut ing ndhuwur, uga prayoga jejamua komplang, yaiku : temulawak saendhas jago diparut, banjur diperes diwori lenga klentik 1/2 sendhok teh, banjur diombe. Pangombene ana ing tengah lawang, sarta jamu mau pangombene diwadhahi godhong lumbu

Lan uga yen anggarbini ngancik 9 sasi, uga luwih becik yen jejamua : cabe  lempuyang dicampuri lenga klentik kang isih anyar 1/2 sendhok teh banjur kaombe

Kajaba saka iku, longkange dina kanggo jejamu kang kasebut ing dhuwur mau, wiwit anggarbini nom tumeka tua, luwih prayoga  yen uga jejamu kaya ing ngisor iki :

Kang kerep ngombe cabe lempuyang, mung nganggo diuyahi sathithik.

Ngombe banyune godhongan kacang ijo, ampase kadhahar uga luwih prayoga.

Dene kang dienggo boreh, yaiku : gagang suruh, didhedhegi dhisik, lan kacang ijo digodhok, dicampuri lenga wangi banjur kaborehake ing padharan.

Yen anggarbini ora bisa mbebuwang kang samesthine, padharane tapelana : godhong semangka, godhong jarak ijo, godhong gandarasa, brambang, adas pulawaras, temu putih, dlingo bengle, lempuyang, banjur kapipis nuli ditapelake ing padharan lan sakiwa - tengene.

No comments:

Post a Comment

Chord Gitar - Karma | Guyon Waton

Chord Dan Lirik Lagu Guyon Waton F         G Ojo Salah Ke Aku            em        am Wes Ngelarani Ati ,Mu          dm Mergo Kowe W...